22.02.2007

Ra Dhong



aku krungu suaramu
wiwit tangi turu
nganti aku turu

saben dina
seka pisanan
awake dhewe ketemu

kaya wingi
kaya wingenane
apa mbiyen kae
aku isa melu ngguyu

nanging saya suwe saya lara
dadi lungaa wae sakdurunge teka

aku nesu merga nesu
karo sijine embuh sapa
lan liyane embuh ngapa

merga kabeh taksimpen neng ati
ora ana sing isa ngerti
sejatine aku krungu suaramu
wiwit tangi turu
nganti aku turu

-RhoMayda-

 

Comments

T_T biarpun berdarah setengah Jawa tapi na gak ngerti ma bahasa Jawa... jadi na juga ga ngerti rho ngomong apaan di postingan itu... T_T

Posted by: Kana | 23.02.2007

Wehhheeeeeeeeeeeeeeeeehehehehhehehe Rho...adoh adoh seko Yk kok isih Njawani tho??? :P

Posted by: Ken | 23.02.2007

curahan hati ya rho...


* padahal ngga ngerti

Posted by: aris | 26.02.2007

Ealaaaah... jeng, koe krungu suarane sopo tho...
Mbok ojo ngono.. mengko sliramu sing lara
Tak tembangne lagu yo, ben kowe ora krungu terus suarane.. sopo kui...

Gethuk, asale saka tela
Sopo ngantuk, iku tambane opo
Gethuk, asale saka tela
Yen ra manthuk, atiku rada gelo
Aduh janji, Mas
Aduh..aduh.. janji..
Yen ra manthuk, Mas, ak mesti gelo...

(masih inget nadanya g?)

Posted by: winda | 26.02.2007

tak tambahi Ma! tapi ra ruh seng nyiptakne sopo, tapi paling apik lak seng nyanyi Didi Kempot.
==========================

yen arep crito karo sopo
yen ora crito kok tambah nelongso
ooo, soyo suwe kok ngene rasane
sedino dino kok ngatoni wae

yen ora sambat wes ra kuat
arep njaluk tulung, bingung lek ku nembung
tekan sok kapan iso mendem iki
kasmaran kang nyoto kepati pati

tindak tanduke kalem ra digawe
larang esem’e nggregetake

yoben mung ngimpi, ora popo
yen ati iki, iso dadi lego
dewek’e teko lan kondo tresno
piyo piye aku pasrah lan lilo

Posted by: devie | 26.02.2007

tak tambahi meneh rho

"siti lunga pasar babi mati semar mendem
do,..re...mi...sol rho mlaku megal megol
mi,..re,...mi,...re rho suka makan tempe"

"tanjung perak... tepi laut,.. syalalalalala...."

Posted by: mata | 27.02.2007

nih blog jadi ajang reunian orang jawa nih. huahahahaha...

Posted by: aris | 27.02.2007

Post a comment